Sesanti

Angslupin baswara anggawa duka
Tumsulup ing ati tanpa kena diwaleri
Sensaya wengi
Nglenggana sensaya dadi
Sepi
Sepining diri

       Duh, wong bagus
       Ngertina nglenggananing jiwa
       Kelangan rasa mecaki dina-dina
       Tanpa ngerti,
       Ngendi teba ngendi wewangenan

Aku isih kelingan
Nalikane ing plataran
Nyawang rembulan bebarengan
Nitiki wengi ngitungi lumintang
Sumebyar padhang ing lelangitan

       Aku ngerti
       Aku uga mung tansah nglakoni
       Garising pepesthen kang wus dumadi
       Amung siji tan dadi sesanti
       Ugeming janji ndak anti-anti
     
(lan sliramu mesthi ngerti, ora gelem ngerti)
Dudu nggresula dudu donga
Aku amung kepingin ngerti
Kowe saiki ana nengndi?
****


Yosdhika Harmawan 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar